Upaya pencegahan dan penanggulangan penularan covid 19 dengan operasi masker

Upaya pencegahan dan penanggulangan penularan covid 19 dengan operasi masker

Dina Minggu ora prei

Gustu covid-19 Kecamatan Purwokerto Utara tetep semangat

 

Gugus tugas pencegahan dan penanggulangan penyebaran covid-19 Kecamatan Purwokerto Utara ora mengenal kesel, demi ngurangi penyebaran covid-19 khususe nang wilayah Kecamatan Purwokerto Utara. Tim operasi penertiban masker ora mung unsur Kecamatan, nanging ana keterlibatan unsur Polsek lan Koramil. Unggal dina ngananakna operasi penertiban masker, ora kecuali dina Minggu.

Lokasi sing dipilih kanggo kegiatan siki nang Jalan Kampus, ngarep Kelurahan Grendeng persis. Lokasine dadi salah siji panggonan kang diindikasikaken dadi penggonan sing memungkinkan penyebaran covid-19. Selain akeh bakul jajanan nang pinggir dalan, komplek kelurahan Grendeng uga panggonane para mahasiswa indekos. Mahasiswa khususe Unsoed Purwokerto, sing akeh asale sekang luar daerah. Dadi perlu diwaspadi lewih, timbang wilayah kelurahan liyane nang Purwokerto Utara.

Kegiatan penertiban masker sing laksanakaken dina Minggu tanggal 26 Juli 2020 sengaja digelar sore. Diawali apel kanggo tanda mulaine kegiatan dipimpin Camat Purwokerto Utara, Agus Anggraito, AP,M.Si. manggon nang halaman kantor Kecamatan Purwokerto Utara dimulai sesuai jadwal jam 16.00 WIB. Sejrone apel, Agus ngawehi arahan antarane, alasan pemilihan lokasi penertiban, wektu penertiban lan hal-hal teknis kegiatan. Kegiatan rampung jam 17.15, dilanjutaken evaluasi hasil penertiban terjaring wong 17 sing ora nganggo masker.

Sasaran utama operasi masker dina kiye wong sing pada liwat jalan Kampus, sing mlaku, sing ngepit, numpak motor, termasuk numpak mobil. Secara umum sing pada liwat termasuk wis tertib, kurang lewih sejam setengah, mung wong 17 sing ora nganggo masker. Sing pada terjaring 4 warga Purwokerto Utara, liyani wong luar Purwokerto Utara.

Wong sing pada terjaring operasi penertiban masker dinei pengertian pentinge nganggo masker. Kanggo ngemutaken wong sing pada nglanggar lan kanggo efek jera, dikon gawe pernyataan lan di foto kanggo dokumen. Pelanggar  sing nggawa masker tapi ora dienggo, supaya dienggo. Kanggo  pelanggar sing ora nggawa/kelalen/tidak duwe masker dinei masker kon dienggo.

Harapane Agus Anggraito, anane kegiatan operasi masker bisa ngurangi penyebaran covid-19. Peran serta warga masyarakat, terutama disiplin nganggo masker saben metu ngumah dikarepaken ndukung program/kebijakan pemerintah. Hal kiye sejalan karo Perda Kabupaten Banyumas Nomor 2 Tahun 2020. Moga-moga status darurat bencana ora didawakna maning, ben masyarakat cepet bisa pada nyambut gawe kaya biasane maning. Bisa njalani panguripan secara normal, situasi kondusif, masyarakate produktif.

#salamsehat

#salamselamat

#tetapsemangat

#purwokertoutaramesthikuat

Purwokerto, 26 Juli 2020

Related Posts

Komentar